Rabu, 03 Desember 2014

MC NIKAHAN



Assalamu alikum Wr. Wb.
Alhamdulillahirobbil alaminnn............

All Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten saking tlatah................ingkang tansah suko basuki.
Mboten kesupen Minangkani Pengantin kekalih inggih menika roro ayu................saha raden mas bagus.......................ingkang berbahagia.

Jumbuh kalian kapitayan kita ingkang linambaran Qur’an Hadist,ijma’ soho qiyas.sumongga kita tansah raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sehingga kita saget makempal saha manunggal wonten ing papan punika kanthi keadaan sehat wal afiat.sumonggo kita ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.”Allahumma Sholli ala sayyidina muhammad<wa ala alaihi sayidina muhammad”

Poro rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmati, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami, anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ... kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah,kawula kapatah pranata adicara badhe ngaturaken laksitaning adicara ingkang sampun karonce dening keluargo inggih menika:
  1. Eko Prastowo Adicara inggih menika Purwaka
  2. Dwi Prastowo Adicara inggih menika waosan pustoko suci al Qur’an
  3. Tri Prastowo Adicara inggih menika Atur pambagyo pinongko atur pasrah
  4. Catur Prastowo Adicara inggih menika Istirahat / Kirab temanten saha temonnn
  5. Catur Prastowo Adicara inggih menika wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
  6. Adicara ingkang kaping pungkasan inggih menika Doa lan Penutup
Poro rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmati,Adicara ingkang kaping sepisan inggih menika Purwaka,sumonggo dipun wilahi khanti waosan ummul kitab”alaniyatina wa ala niyatikum>Alfatihah........
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kalantunaken dening ....dumateng... wekdal soho panggenan kaaturaken.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kawula sumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun bapa.......... kaaturaken agunging panuwun
*) Kirab Kanarendran / Temon
Poro rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat minulyeng budi. Sampun sawatawis Pinanganten sarimbit nggenya lenggah ing dhampar pinasri. Keparenging karsa nedya manjing sasana busana,Gebyar gebyar pating calorot busanane. Endah asri yayah kawuryan, lah puniko chandrane temanten sarimbit,
Soyo caket soyo caket anggenipun lumaksono, risang temanten putri dupi wus dumugi papan kang wus sinedyo, pating calorot pating galebyar sunare pepindhane kartiko kang asesilih prenah, sang dyah ayu tumungkul semu mesem ing wardoyo rinenggo ing sesotya maneko warno.
Penganten kakung Wus lukar busono satryo sangsoyo angenguwung prabane, sangsoyo mencorong guwayane, sangsoyo manteb penggalihe,
        Sampun tumuju ugyan kang tinuju nenggih risang pinanganten wonten ing sasana rinenggo , gunging panuwun dhumateng poro tamu ingkang sampun suko pakurmatan tumapaking adicoro panggih, kepareng lenggah ing sasana
mulyo , suko ing driyo risang pinangantyan putri, ginontho ing wardoyo, kadyo puspo warnane.
Penganten kekalih kapangku dening kang romo kanthi astho kekelih, karangkulaken ing pamidhanganipun tementen sekaliyan,Sineksenan dening ingkang ibu miwah poro- poro ingkang humiyat, punopo malih poro sepuh ingkang mahambeg dharmo, prasemonipun bilih romo ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng putro temanten sekaliyan, putro kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten wonten pundi ingkang sinebat putro mantu sadoyo kaanggep sami
      Kacar kucur :
      Panjenenganipun poro tamu kang mahambeg luhuring dharmo kakung sumawono putri, pinaringan sih wilasaning Gusti kang Moho Agung, Temanten sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparengo gyo ngadani adicoro kacar kucur
Kawuryan risang pinanganten putri nampi tompa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodyo ingkang gemi nastiti, surti  tur ngati-ati.
         Asiling tompo koyo laju katitipaken mring wanodyo kang pinitados rumekso kawidagdaning tampo koyo nun inggih ingkang ibu…………paripurno nitipaken tompo koyo, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasa na rinenggo.
     Dhahar  Kembul :
Tumuli risang pinanganten nindaaken dhahar kembul, dhahar nedo kembul yo wus ngarani sesarengan, pralambang sageto tumangkep manggih sih katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, sak yek sak eko karti sembodo ingkang sinedyo, rengganeng boso ngaten sinebat manunggaling karso marganing mulyo
          Ngunjuk toya wening :
         Paripurno dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toyo wening, dadi pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmoro janmo, manunggalaken ing roso, satemah mijilaken komo warni seto saking pokaling bapa, miwah komo warni rekto saking pokaling reno, ing tembe saged mbabar putro kang minongko rerengganing balewismo,
         Ngunjuk toyo wening ugi dados pratandha, kalamun sedoyo tumindak miwah muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nolo, satemah amung rahayu kang bakal tinemu, kados unen – unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busono
*) SUNGKEMAN
Jroning ndriya muhung arsa sungkem lan ngabekti dhumateng ingkeng ibu saha ingkeng bapa sinartan paminta idi pangestu anggenira palakrama pinaringana yuwana, kinalisna ing rubeda, bagya mulya
“ Duh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik siro dak kekudang yen tho dewosomu biso winengku dening satriyo tomo wanito tomo, ingkang sembodo hangayomi jiwo raganiro ing mengko tumekeng delahan, ing kalungguhan iki, sepiro tho lego bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang menkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Moho Agung, Pangestune romo ibu marang siro sakloron bebasan tansah anglur selur pindho ilineng narmodo, mugo nggeniro polokromo biso tuwuh hangremboko, nganthi tumekaning kaki nini, alandesan dharmaning roso tresno kang hangremboko, binarung lan pangestune romo ibu kang wus satruju dumurungi marang polokaramamu , biso atut saruntut kadi mimi lan mintuno, mugyo tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, Piwelingku aja nganti lali
Anggonira mbangun bale wisma
Runtut atut sakarone
Adohna tukar padu
Tansah eling sabarang ati
Kuwat nampa panandhang
Tan gampang amutung
Dadiya tepa tuladha
Uripira migunani mring sesami
Poro rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmati ,Catur Prastowo Adicara inggih menika wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun pandegani dening bapa:..............
Dumateng bapa...........kawula sumangga aken.
Poro rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmati ,Adicara ingkang kaping pungkasan inggih menika Doa lan Penutup,Kawula atas nami latifatul liana minangka Pranata Adicara   sedaya kekirangan saha kalepatan nyuwun Agunging pangaksama.
Sagung Para tamu ingkang satuhu berbudi mahambeg darma. Pinangka pratandha paripurnaning pahargyan, pinanganten sarimbit jinajaran rama ibu keparenga jengkar saking palenggahan, tumuli jumeneng wonten korining sasana pahargyan, saperlu hanampi paring pangestunipun sagung para tamu saha undangan.
Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana kasuwun hamratitisaken, dhumateng kadang panatapita suwara, kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing mugi rahayu ingkang samya pinanggih.
Pinangka panutuping atur, kula hangaturaken agunging panuwun, sugeng kondur mugi widada ing marga.” Santen Parutan klopo,menawi lepat nyuwun ngapuro”
Wabillataufiq wa hidayah,
Wassalamu’alaikum wr. wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar